Selasa, 05 Februari 2019

TEMBANG KINANTHI LAN PAUGERANE



Tembang kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun tentrem ayem karo kaluwargane. Kinanthi iku saemper karo tembung kanthi, kekanthen, gandheng. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bias nuntun putrane supaya tumindak ora nalisir saka bebener.

PATHOKANE TEMBANG KINANTHI
Tembang kinanthi nduweni paugeran tembang, yaiku:
Guru gatra  : 6
Guru lagu               : u, i, a, i, a, i
Guru wilangan        : 8, 8, 8, 8, 8, 8
Tembang kinanthi nduwene watak sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan. Mula biasane kanggo ngandharake pitutur luhur, rasa tresna asih. Uga digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur.

WOS KANG KAMOT ING TEMBANG KINANTHI (Wedhatama)
1. Serat wedhatama ngajarake sawenehe tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter kang bias sinebut etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntutan etis kang ner marang dhiri pribadine dhewe. Bab iki kamot ing pitutur supaya ngolah lantiping rasa lan nyingkirake hawa nepsu supaya bias dadi manungsa kang berbudi luhur.
2. Supaya antuk ngilmu sejati bisa lumantar ngolah lantiping ati, yaiku kanthi tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi. Yen dilakoni kanthi temen bakal bisa mutung pepalang kang dadi pepalanging budi.
3. Syarat nglakoni ngilmu sejati yaiku ora kena iri lan dengki, ora getapan utawa atine gampang panas, ora ngganggu wong liya, ngendhem hawa nepsu, kang ditindakake yaiku mung meneng supaya tentrem ayem.
4. Ngajarake lamun manungsa iku kudu tansah eling lan waspada. Eling ing kene duwe karep supaya eling marang pituduh utawa tuladha saka mobah mosiking alam (eling lukitaning alam).
5. Waspada tegese ngerti pepalange urip. Uga supaya ora sembrana pari kena, sembrana ing batine lan nulat tembung-tembung kangdiucapake, ngilangake rasa kang ragu-ragu, lan waspada nulat samubarang (ing pangeksi).
6. Ngajarake supaya aja nganti gela ing tembe burine. Watak kang kaya mangkono iku ateges sanadyan wong kang duwe pangerten, nanging ora ana gunane, mula kapinterane mung kanggo golek pangan lan pamrih.
7. Kabecikan kang wis diwulangake iku minangka cara kanggo ngudi supaya entuk kamulyan. Sanadyan, ora bisa mujudake kanthi sakabehe, nanging manungsa kudu bisa nganti kasil. Sanadyan, ora kabeh bisa kawujud kaya sing dikarepake, nanging manungsa diwajibake ngudi kanthi tenan. Awit manungsa yen ora gelem usaha nalika golek nafkah, bisa diarani rugi
8. Ing serat wedhatama, wong becik bebudine iku biyasane gampang bisa srawung karo pawongan liya, lan bisa mangun sesrawungan papan ngendi wae. Mula, kala-kala manungsa iku ethok-ethok bodho. Wong kang wicaksana bakal tumindhak kanthi cara kang alus, sanadyan marang pawongan liya lan becik.

5 komentar:

  1. Aku gak paham artinya gan...bahasa kromo bukan?

    BalasHapus
  2. wih bagus teks nya bagi yang suka kesenian jawa sepeti saya pasti faham maknanya

    BalasHapus

  3. Depo 20ribu bisa menang puluhan juta rupiah
    mampir di website ternama I O N Q Q
    paling diminati di Indonesia

    BalasHapus